Ben Ora Ilang Jawane
Posted by joker on April 22nd, 2008
Aku kepingin nulis nganggo basa jawa lan aksara jawa, nanging aku durung duwe aksara (font) Jawa. Mulane kanggo pambuka ing blog iki aku nulis nganggo aksara Latin.
Bok menawa ana kadang kang kepingin urun rembug kanggo nglestarekake Basa Jawa, sumangga melu nulis ing blog iki. Kabeh tulisan bakal entuk ganjaran pangalembana saka aku. Sepurane sing akeh, amerga aku mung isa menehi ganjaran pangalembana.
Muga para kadang kabeh ora kuciwa lan tetep saguh nulis ana ing blog iki. Kabeh mau jalaran kanggo kapentingane Basa Jawa.
Salam,
Joker
remi.silado@gmail.com
April 22nd, 2008 at 10:36 pm
Tan kinira bombong atiku ketemu priyayi sing isih gelem nulis nganggo basa jawa. Aku dhewe saiki lagi duwe panjangka arep nerjemahke wordpress (wp lan wpmu) dadi basa jawa, mbok menawa panjenengan kerso nderek melu nyengkuyung bebarengan ngrampungake terjemahan iki, mengko file terjemahan bisa aku unggah(upload).
terjemahan wp (wordpress sing digunake blog siji)
terjemahan wpmu (wp multi user, wordpress kang digunake deneng layanan blog koyo dene wordpress.com, sinau.org lan liyane)
salam
May 1st, 2008 at 2:17 pm
kulo manut…
May 4th, 2008 at 11:47 pm
Matur suwun kagem para kadang ingkang sampun paring “comment”. mBok menawi wonten kadang sutresna sanes ingkang kersa mbiyantu kadang “Sinau.org” nerjemahaken wp lan wpmu dipun sumanggaaken.
Nuwun