Feb
28
CMS Kang Cepet tur Ringkes
Februari 28, 2010 | Leave a Comment
Para kadang kang nduweni penggayean dadi admin web utawa kang kepingin belajar nggawe web mestine wis pirsa CMS (Content Management System). Yaiku software kang ngenthengake penggaweyane para admin web utamane web dinamis (jaman saiki apa ya isih ana kang nganggo web statis?).
Salah sawijine CMS kang cepet tur ringkes yaiku FrogCMS. Kaya padatan, yen kepingin nyoba nggunakake CMS iki mesti mbutuhake web server. Aku wis nyoba nganggo Wamp lan kasil kanthi apik, cepet, ringkes tur ora ribet.
Yen para kadang kepincut jur kepingin ngunduh Frog CMS, bisa kaunduh ing kene.
Feb
11
Banyu mili
Februari 11, 2010 | Leave a Comment
Suwe tenan aku ora nyambangi blog iki. Nganti lali alamate. Uga lali yen nduwe blog sing nganggo cara Jawa.
Arep ngisi, ning isih bingung apa kang arep dak tulis. Ya… kanggo tamba kangen wae pungkasane nulis sak kecandhake.
Arep nulis nganggo aksara jawa, nanging kok durung bisa. Merga durung ana pilihan aksara Jawa ana ing blog iki. Kapan ya …
Dak tunggonane wae, bok menawa suk mben bakal ana pilihan aksara Jawa … karo ngrungakna suarane banyu udan kang mili ana ing wuwung omahku.
May
6
Hanacaraka
Mei 6, 2008 | Leave a Comment
Aksara jawa saking http://hanacaraka.fateback.com/hanacaraka.zip saget kaundhuh kanthi catetan “bebas mawa watesan”. Kala semanten kula bade ndamel “font” (aksara) jawa piyambak, anangin mboten kagungan perangkatipun arupi “font creator”. Wontenipun aksara jawa ing website http://hanacaraka.fateback.com/ sanget mbiyantu kula.
Matur suwun katur dumateng piyambakipun Teguh Budi Sayoga
http://hanacaraka.fateback.com ingkang sampun nyawisi font jaw. Kanthi mekaten kula mboten sisa rekasa ndamel font ingkang samestine mbetahaken wektu lan tenaga.
Nuwun
May
4
Font Java
Mei 4, 2008 | 3 Komentar
Kagen para kadang sutresna basa jawa, ingkang kagungan “font java” utawi aksara jawa, menawi mboten kawratan ugi mboten nyuwun bebungah “royalty” kawula suwun sageta dipun unggah (up load) wonten ing blog menika utawi saget dipun kintun lumantar e-mail remi.silado@gmail.com
Nuwun
Apr
22
Ben Ora Ilang Jawane
April 22, 2008 | 3 Komentar
Aku kepingin nulis nganggo basa jawa lan aksara jawa, nanging aku durung duwe aksara (font) Jawa. Mulane kanggo pambuka ing blog iki aku nulis nganggo aksara Latin.
Bok menawa ana kadang kang kepingin urun rembug kanggo nglestarekake Basa Jawa, sumangga melu nulis ing blog iki. Kabeh tulisan bakal entuk ganjaran pangalembana saka aku. Sepurane sing akeh, amerga aku mung isa menehi ganjaran pangalembana.
Muga para kadang kabeh ora kuciwa lan tetep saguh nulis ana ing blog iki. Kabeh mau jalaran kanggo kapentingane Basa Jawa.
Salam,
Joker
remi.silado@gmail.com